images_1

AKU SIJI KOWE SIJI
Badrun karo sodron bengi2 peteng ndedet nyolong jeruk neng kebon, lagi oleh setengah karung, ono asu njegog langsung mlayu banter wedi selak konangan.

Tekan ngarep Gerbang Kuburan angker, jeruke tibo ngglundung 2 tapi ditinggal wae mergo kesusu arep cepet-cepet ndelik neng mburi kijing timbang konangan.

Kendel tenan maling 2 iki….

Kiro2 wis aman, Badrun karo sodron wiwit bagi hasil.

“aku siji….kowe siji….aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji….”

Ngono terus nganti ono wong liwat, yaiku Si paijo, kaget, mandeg mrinding krungu swara aneh seko njero kuburan angker…..

“aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji…….”

Saking wedine Paijo mlayu marani daleme pak kyai cedhak kono lan karo ngos-ngosan pucet ndeprok dengkule meh copot crito memedi suara ing kuburan WINGIT mau.

Pak kyai penasaran, ngajak Paijo ngindik neng ngarep Gerbang Kuburan, ora wani mlebu. Paijo gemeter gocekan sarunge pak kyai seko mburi…

Seko jero kuburan tetep krungu swara :

“Aku siji..kowe siji..aku siji..kowe siji…”

Paijo: ” Pak kyai nopo niku swara malaikat itung2an nyowo menungso sing sampun dicabut ajeng dilaporke dumateng Gusti sing kuwaos pak kyai ? Paijo takon bisik-bisik gemeter keweden, untune kemrutuk.

“Mbuh Jo, aku dhewe ora paham” jawabe pak kyai karo megeng napas…

Ora suwe ono swara maneh seko njero kuburan..

“Iki wis rampung kabeh, saiki kari 2 ( loro) , yoiku sing ning ngarep gerbang kuburan kae!!! sopo sing njukuk ? Kowe opo aku??”

Pak Kyai lan Paijo: “WAAAAAAAA…….blaen tenaannn…..!! ”
Njingkat. Kaget saknaliko pak Kyai lan Paijo mlumpat kalen, mlayu keponthal-ponthal nganti sandale copot, sarunge mlorot…

Baca :  2 Bebek Jantan, 25 Betina